Tuesday 5 February 2013

0 Isi Ramalan Jayabaya : PART 2


Postingan ini akan melanjutkan dari Isi Ramalan Jayabaya : PART 1


  1. Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
  2. Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
  3. Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  4. Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
  5. Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
  6. Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
  7. Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
  8. Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
  9. Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  10. Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
  11. Akeh udan salah mangsa--- Banyak hujan salah musim.
  12. Akeh prawan tuwa--- Banyak perawan tua.
  13. Akeh randha nglairake anak--- Banyak janda melahirkan bayi.
  14. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne--- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  15. Agama akeh sing nantang--- Agama banyak ditentang.
  16. Prikamanungsan saya ilang--- Perikemanusiaan semakin hilang.
  17. Omah suci dibenci--- Rumah suci dijauhi.
  18. Omah ala saya dipuja--- Rumah maksiat makin dipuja.
  19. Wong wadon lacur ing ngendi-endi--- Perempuan lacur dimana-mana.
  20. Akeh laknat--- Banyak kutukan
  21. Akeh pengkianat--- Banyak pengkhianat.
  22. Anak mangan bapak---Anak makan bapak.
  23. Sedulur mangan sedulur---Saudara makan saudara.
  24. Kanca dadi mungsuh---Kawan menjadi lawan.
  25. Guru disatru---Guru dimusuhi.
  26. Tangga padha curiga---Tetangga saling curiga.
  27. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  28. Sing weruh kebubuhan---Barangsiapa tahu terkena beban.
  29. Sing ora weruh ketutuh---Sedang yang tak tahu disalahkan.
  30. Besuk yen ana peperangan---Kelak jika terjadi perang.
  31. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---Datang dari timurbaratselatan, dan utara.
  32. Akeh wong becik saya sengsara--- Banyak orang baik makin sengsara.
  33. Wong jahat saya seneng--- Sedang yang jahat makin bahagia.
  34. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul--- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  35. Wong salah dianggep bener---Orang salah dipandang benar.
  36. Pengkhianat nikmat---Pengkhianat nikmat.
  37. Durjana saya sempurna--- Durjana semakin sempurna.
  38. Wong jahat munggah pangkat--- Orang jahat naik pangkat.
  39. Wong lugu kebelenggu--- Orang yang lugu dibelenggu.
  40. Wong mulya dikunjara--- Orang yang mulia dipenjara.
  41. Sing curang garang--- Yang curang berkuasa.
  42. Sing jujur kojur--- Yang jujur sengsara.
  43. Pedagang akeh sing keplarang--- Pedagang banyak yang tenggelam.
  44. Wong main akeh sing ndadi---Penjudi banyak merajalela.
  45. Akeh barang haram---Banyak barang haram.
  46. Akeh anak haram---Banyak anak haram.
  47. Wong wadon nglamar wong lanang---Perempuan melamar laki-laki.
  48. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  49. Akeh barang-barang mlebu luang---Banyak barang terbuang-buang.
  50. Akeh wong kaliren lan wuda---Banyak orang lapar dan telanjang.
  51. Wong tuku ngglenik sing dodol---Pembeli membujuk penjual.
  52. Sing dodol akal okol---Si penjual bermain siasat.
  53. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  54. Sing kebat kliwat---Yang tangkas lepas.
  55. Sing telah sambat---Yang terlanjur menggerutu.
  56. Sing gedhe kesasar---Yang besar tersasar.
  57. Sing cilik kepleset---Yang kecil terpeleset.
  58. Sing anggak ketunggak---Yang congkak terbentur.
  59. Sing wedi mati---Yang takut mati.
  60. Sing nekat mbrekat---Yang nekat mendapat berkat.
  61. Sing jerih ketindhih---Yang hati kecil tertindih
  62. Sing ngawur makmur---Yang ngawur makmur
  63. Sing ngati-ati ngrintih---Yang berhati-hati merintih.
  64. Sing ngedan keduman---Yang main gila menerima bagian.
  65. Sing waras nggagas---Yang sehat pikiran berpikir.
  66. Wong tani ditaleni---Orang (yang) bertani diikat.
  67. Wong dora ura-ura---Orang (yang) bohong berdendang.
  68. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane---Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  69. Bupati dadi rakyat---Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  70. Wong cilik dadi priyayi---Rakyat kecil jadi priyayi.
  71. Sing mendele dadi gedhe---Yang curang jadi besar.
  72. Sing jujur kojur---Yang jujur celaka.
  73. Akeh omah ing ndhuwur jaran---Banyak rumah di punggung kuda.
  74. Wong mangan wong---Orang makan sesamanya.
  75. Anak lali bapak---Anak lupa bapa.
  76. bersambung Isi Ramalan Jayabaya : PART 3

sumber : id.wikipedia.org




Related Post:

0 komentar:

Post a Comment